Senin, 17 Februari 2014

ASU

Akhir-akhir iki kene ra tau ketemu.
Nggarai aku kelingan rupomu, saben wektu.
Kangen iki njejek terusan neng atiku.
Aku tresno, mung awakmu ra tresno nang aku.
Aku cemburu, pas ndelik sliramu mesem guduk gawe aku.
Yo, sopo seng ra moro loro ati?
Riko ra nganggep aku.
Aku mek mbok anggep sebatas koncomu.
Maneh, roso iki njejek atiku.

Cuman iso ngelek idu, pas sliramu liwat neng ngarepku.
Neng pojok ruangan kamar, penggaweanku yo mek klesetan nglamunno rupomu. 
Nelongso temen rosoku.
Sinau ra melbu.
Mangan ra nafsu.
Merem ra iso turu.
Asu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar